Rabu, 24 Januari 2018

Preinan Semester Sekolah taun 2017

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Halo kanca-kanca. Pime kabare.. Semoga dalam keadaan sehat walafiyat ya... Ketemu maning karo Mern.. semoga kanca-kanca ora pada bosen ya...  Blog saiki aku arep cerita tentang preinan sekolah semester wingi.. langsung bae ya...

Preinan sekolah wingi, aku awale ora maring endi-endi. Tapi, sodarane aku pada teka kabeh saking Jonggol. Dadine ya aku mlaku-mlaku terus, muter-muter kota Tegal. 

Dina kuwe ulang tahun adiku. Nah, papahku pengin ngerayakna karo mangan bareng-bareng karo keluarga. Aku karo sodarane langsung ganti klambi lan siap-siap arep mangkat. Aku sekeluagan mangkat numpak GoCar.

Saktekanipun ing kono, aku sak sekeluarga langsung nggoleti panggonan sing cukup nggo akeh wong. Papah lan mamane aku lagi mesen panganan. Sedurunge mangan, aku lan keluargaku ngedonga ndisit nggo adikku, eben adikku panjang umur lan sehat selalu.Wis aku lan keluargane aku mngan bareng-bareng.

Wis mangan aku lan keluargane aku mlaku-mlaku muter-muuter Mall. Nang mall kuwi, kami kabehe mlebet Pasaraya. Nang Pasaraya kuwi, kami belanja barang-barang nggo kebutuhan rumah tangga. Wis rampung belanjane, kami kabehe langsung menyang kasir lan mbayar sing mau wis dijukut. Wis rampung mbayar, aku lan sodarane siap-siap arep bali. Nah, kami kabehe seneng banget bisa mlaku-mlak bareng karo sak keluarga. Semoga nantin, kita bisa mlaku-mlaku maning ya...

Nah, kuwi mau pengelamane aku pas preinan sekola wingi. Matur suwun sanget ya wis pada ndeleng blog e aku.. Cekap sementen cerita saking kula. Nyuwun pangapunten yen wonten ucapan utawa perbuatan sing kurang berkenaan ning ati... Matur suwun.



Wassalamualaikkum Warahmatullahi Wabarakatuh

Tidak ada komentar:

Posting Komentar