Kamis, 14 Desember 2017

Pemilihan Ketua OSIS / MPK

ASSALAMUALAIKUM ...

Hallo kanca-kanca.. Pime kabare?? Sehat?? Ketemu maning karo Mern nang kene..

Nah saiki Mern pan takon keh,, Nang sekolahane kalian wis pada pemilihan ketua OSIS / MPK durung? nah, nang sekolahane aku uwis. yenpengin ngerti, yuh langsung bae yak...

Waktu iku dina sabtu, pamilihan ketua OSIS / MPK nang SMPN 2 TEGAL. Suasanane pemilihan kuwi, Alhamdulillah lancar. Tapi yah rada riwuh titik. Yah biasa lah,, kelas 7 lan 8. Tapi ora papa, sing penting bisa nganakna pemilihan.

nah, sing pertama dilakoni yaiku pengenalan calan ketua OSIS / MPK sekalian ngerungokna visi lan misis ne. dimulain saka nomor 1 yaiku Rani sampe nomor 7 yaiku Zaki. ya, jare aku apik-apik kabeh sih.. aku dadi bingung pan milih sapa.

Selanjute, voting pemilihan. Jujur bae yah aku lebih milih nomor urut 4, soale kuwe bocahe meneng tapi sregep. Visi lan Misine juga apik. yah aku sih berharap moga-moga nomor urut 4 sing menang. Amin

Nah, waktu sing ditunggu-tunggi akhiri kelakon, yaiku voting sapa sing menang. huh aku deg-degan awale. soale kan sapa sing menang kuwi, kudu bisa jadi pemimpin sing apik. ya, aku berdoa terus, moga-moga sing kepilih kuwi ketua OSIS / MPK sing berkualitas lan apik.

Ternyata sing kepilih nomor urut 4 yaiku Rizha. Wah kabeh murid pada tepuk tangan kabeh, soale jumlah murid sing milih Rizha kuwi anjog 300 luwih.. wow.. hebat. Bocahe juga ora klemar-klemer, sregep, imane kuat, pinter maning. wis lah ketua OSIS idaman.

Nah, kanca-kanca kuwi mau tentang pemilihan ketua OSIS / MPK nag sekolahane aku. Yen nang sekolahane kalian pime?? pasti seru juga kan??

okelah, makasih yak, wis ngeluangna waktu kanca-kanca nggo ndeleng Blog e aku kiye. semoga bermanfaat nggo kalian kebeh. MATUR SUWUN...

WASSALAMUALAIKUM...





Tidak ada komentar:

Posting Komentar