Rabu, 21 Februari 2018

Tips Ngadepi Tugas lan Ujian

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Sugeng siyang sedaya. ketemu maning karo aku.. Nah nang kene aku pan nyeritaaken tentang aktivitasku di bulan Februari ini. Semoga bermanfaat :)

Aku akhir-akhir ini akeh tugas lan ujian. Dari tugas kelompok sampe tugas individu. Durung maning ana ujian, kaya Try Out, Lat UN, PAS, lan lain-laine. Nah, kita aja bosen belajar. Kita tetep kudu belajar, ben nilai tugas maupun ujian apik lan bisa ngebangga-na wong tuwa. Aja males belajar. Amarga nang jero pepatah nyataaken "Kejarlah ilmu sampe ke negeri Cina". Nang hadis Rasulullah juga ana bahwa "Ilmu yang bermanfaat akan menyelamatkanmu dari siksa api neraka." Jadi aja sungkan-sunkan yen arep belajar yak..

Persiapan belajar aku. Nah, kie sing penting yaiku kita kudu bisa ngatur waktu sing bener ben ora keteteran. Yen wis bisa ngatur waktu sing bener, mengko belajare kepenak, ora grusa-grusu. Kita juga kudu bisa ngatur kapan yen arep belajar lan arep mendekatkan diri karo sing Maha Agung, yaiku Allah SWT. Kita juga aja nunda-nunda waktu sholat. Sholat kan tiang agama, yen tiang-e pas lagi dibangun wis di tunda-tunda terus, mengko dadine dosa lan bisa mlebu nang neraka. Mogane kita kudu pinter ngatur waktu. Aku mein saran yah nggawe Jadwal Kegiatan lan kegiatann kita kudu sesuai karo jadwal sing wis kita gawe. Aja mung nggawe-nggawe tok terus didelengi, dilaksanaken juga. 

Nggawe rangkuman. Selain kita kudu bisa ngatur waktu, kita juga kudu ngerangkum buku-buku lan rumus-rumus sing wis kita pelajari. Nah, mulai ngerangkum mulai saking saiki, ben mengko pas hari -H, santai tinggal baca-baca karo melajari maning tok. Rangumane iku aja mung saking siji buku tok, ana referensi laine juga ben tambah ngerti tipe soal-soale. Trus rangkumane juga kudu di baca lan di elajari, ben ora klalen. yen Wis mar nggawe rangkuman, kita kudu ngerjakna soal-soal.

Ngerjakan soal-soal kuwi ora mung yen di kongkon karo bapa ibu guru tok. Ya, kita kudu inisiatif ngerjakana. Ngerjakna ne juga ora mung nang sing buku tok, kerjakna soal-soal ujian taun lalu ato saking Google. Kerjakna soal seakeh-akehe, ben kita ngerti tipe soale kaya apa bae. Yen ora ngerti cara utawa jawabane, minta tolong karo kanca utawa guru mapel. Njaluke aja mung jawabane tok, cara nerjaknanelan jawabe juga kudu takon.
iki contoh aku pas ngerjakna soal simulasi






Yen wis ngerjakna soal-soal, kita juga kudu merekna diri maring sing Maha Agung , Gusti Allah SWT. Kita sholat, kita puasa sunnah, kita baca QS. Al- Waqiah lan ibadah-ibadah laine supados dilancarken segala kegiatan karo Allah SWT. Kita juga kudu mohon ampun karo Allah SWT. atas kabeh dosa sing wis kita lakuin. 
  
Sin terakhir. Yen kita wis berusaha semaksimal mungkin, kita wis pasrah karo Allah SWT. Apapun hasile kudu kita syukuri. Berarti tandane kita kudu lebih usaha maning, ben entok hasil sing lueih apik maning. 

Nah, kuwi mau cara-cara utawa tips saking aku.. Semoga bermanfaat :)

Bismillahirrahmanirrahim

SUNBK'18

ESPERO REVOLUTION

Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar