Rabu, 01 November 2017

Kemah Nang YONZIPUR

ASSALAMUALAIKUM...

hallo kabehe... pime kabare??? pasti apik lah,,,. nah ketemu maning karo aku, Mern Fyandra Ramadhian sing bocahe cilik lan cerewet,, bener oya?? hehehe,,, nah aku iki arep cerita tentang kegiyatan kemah wingi ,,, langsung bae yah,,,

Dina pertama kemah, pas aku karo kanca-kancane aku pan mangkat iku apel ndisit, sisan doa numpak kendaraan... bar kuwe aku karo kanca-kancane aku pada numpak truk... huuuhh... heboh nemen wis pokone...

Pas anjog zipur kuwi langsung kabehe gawe tenda masing-masing, kecuali kelas 9. Soale kelas 9 kuwi SPECIAL. Tendane digawekna karo pembina pramuka... Yah meskipun kelas9 kuwi digaekna karo pembina,, tapi pas regune aku kuwi kurang tendane... yah dadi aku lan kanca regune aku ngenteni ndisit oh nang ngisore pohon karo nggelar klasa. 

Nah tendane wis digawe,, langsung oh regune aku pada tata-tata tenda. yah kaya nggelar klasa kanti tumpuk 3(yah jarene eben empuk), trus nyiprati banyu (eben rada adem sitik), lan nata-nata sepatu... Bar kuwi mangan awan. Nah pas setiap mangan kuwi, mesti badane kudu tegak, ora olih nunduk, ora olih ngomong (sing olih ngomong sing nganggo baju loreng-loreng), ora olih ana suarane pas mangan... lah ribet nemen yah,, tapi ora papa ding.. kuwi nglatih dhewek eben disiplin.

Nah bar mangan kuwi sholat. Pan sholat be kudu baris ndisit.. (jarene eben rapih, ora semrawut). lah pas nang mushola kuwi banyune metune setitik-setitik... yawis ora papa lah sing penting bisa wudhlu lan sholat.

Bar sholat kuwi apel. nah bar apel, bersih-bersih.. kaya adus, ganti klambi, beres-beres tenda lan lain-laine. Bar kuwi sholat terus mangan.. nah tata cara mangan lan sholat kuwi pada bae kaya sing nang nduwur...

Esuke senam pagi, terus mangan esuk. ehh,, sedurunge kuwi sholat ndisit ding... trus outbond. Pas outbond kuwi seru nemen,,,, sing ngelewati 2 sungai (tapi ana SI KUNING BERLAYAR),  naik turun tebing ( Duwur nemen), trus games (sampe dicoret-coret mukane karo lumpur). 

Dina ke 3 aku lan kanca-kancane aku se sekolah persiapan arep balik. Balike yah,, nganggo trek maning. Alhamdulillahe aku karo kanca-kancaku balik umah slamet .. yah walaupun kesel tapi seneng bisa kemah bareng kanca-kanca.










 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar