Rabu, 06 September 2017

HARI RAYA IDUL ADHA

Assalamualaikum kabehe,,, Pime kabare?? Sehat kabeh kan...

Ketemu maning karo Mern,, Nang kene Mern pan carita nih... tentang Kegiatan pas hari raya Idul Adha... langsung wae yuh...

Dina Idul Adha kuwi sing paling tak tunggu-tunggu. Sebabe mesti olih daging gratis saka masjid lan tetangga... Tapi ya selain olih daging, aku juga nunggu solat bareng keluarga lan tangga-tanggane.. yah setaun mung tok 2 kali, yaiku mung badha karo idul adha tok...

Nah kan sekolahane aku ngerayakna Idul Adha, tapi pas dina sabtune... sekolahan nduwe sapi 1 lan wedus 7. pas pemotongan aku ora ndeleng, amarga melas karo hewane. Hewane kuwi dipotong, aku ndeleng ana salah sijine hewan sing ora gelem disembelih.. melas nemen yah,, tapi ora papa... jare pak Yusuf " ngga papa, kalo alat pemotongannya tajam, pasti hewannya ngga bakal sakit, malahan seneng. itu merupakan salah satu ibadah hewan tersebut. "

Bar pemotongan kuwi dibageni daging gratis. Nah, pas diundang siji-siji jenenge, aku ora krungu.. ya dadine sing ngundang yah sewot oh karo sewot. " MERN FYANDRA RAMADHAN.. awit mau ya diundang ora krungu-krungu". Bar diundang aku bali karo kanca-kancane aku.

anjog umah, ibune ngajak aku nag omahe budhe ne aku. Soale lagi ana acara mangan-mangan. Dulure aku sunatan, dadine aku kudu teka.

Anjog mono uwis akeh wong pada rewang, mbuh kuwi masak lan bersih-bersih. Aku ngrewangi nggawe kue lan nyiapna panganan nggo tamu... Pas tqamune tambah akeh, aku kelabakan. Akhire aku dibantu dulure aku nyiapna wedhang.

Acarane wis mari. Aku karo keluargane aku pan bali. Ujug-ujug budhe ne aku ngundang pan ngein berkat nggo keluargane aku. bar kuwi aku bali. Anjog umah aku langung mangan, soale aku wis ngelih, awit mau bantu-bantu sih durung mangan...

nah kanca-kanca pime ciritane aku.. boseni yak... yawis ora papa sing penting aku bisa nunjukna karo kanca-kanca

cukup neng kene bae yak.. mengko tak lanjut maning, tapiiiii  temane beda maning. Eben ora mboseni..

Wassalamualaikum..



Tidak ada komentar:

Posting Komentar