Rabu, 21 Maret 2018

Kadadeyan Banjir.

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh...

Hallo kanca-kanca. Ketemu maning karo aku.. Aja bosen-bosen ya...
Nah nang kene aku pan cerita maning tentang bencana banjir nang sekitar umahe aku... Langsung bae ya...

Akhir-akhir iki sering banget udan. Nah, gara-gara udan mau ngakibatake banjir. Nah umahe aku salah satune. Nah, pas banjir kuwi asline iku dud salah udane, tapi salah manungsane. Kenapa, soale pada buang sampah nag endi-endi sing nggarakna banjir. Coba wis dong manungsane ora buang sampah sembarangan, pasti mengko langka bencana banjir.

Umahe aku kan perek karo stasiun, yaa,, termasuk tinggi lah sing jarang banjir. Tapi wingi udane gede banget, dadine sekitar umahe aku termasuk umahe mbahe aku sing tak panggoni  ya melu banjir. Nah, kan biasane banjir kuwi ora mlebu umah, tap wingi bisa mlebu umah. Mlebu umahe ora lewat ngarep, tapi mrembes lewat lantai. Banyu banjir kuwi muru lewat lantai kuwi. Ya,, meskipun banjire kuwi ora seberapa duwur mung se-mata kaki tok, tapi ya sing jenenge banjir ya keluargane aku pada panik. Soale biasane kan ora sampe mlebu ning umah. Mung smape neng ngarep umah tok.

Gara-gara banjir kuwi ibune aku karo bapane aku nguras banjir sin mlebu umah kuwi. Aku ya melu ngrewangi nguras, tapi sitik-sitik tok. Pas najir kuwi bengi, wis banjir mati listrik maning. Wis lengkap. Aku lagi belajar nggo ulangan ngesuk, eh ujug-ujuge mati listrik. Yawis aku ora belajar. Nah, kan aku ora belajar, dadine aku kudu ngrewangi inu karo bapane aku nguras banjir. Tapi mung sedelat tok. Soale wis bengi sih, ngesuk ya aku karo adine kudu sekolah. Dadine aku karo adine turu ndisit.

Nah, pas aku wis tangi esuk-esuk pan sholat subuh, lantaine wis bersih, ora kotor. Ternyata bapane aku wis nguras anjog jam 12 bengi. Terus ibune aku wis ngepel juga bar bapane aku wis mari nguras. Aku tangi langsung adus terus sholat. Aku mangkat sekolah kaya biasa. Pas aku pan mangkat sekolah, nah neng ngaoer umahe aku wis kotor nemen. mbuh kuwe ana daun tiba, ana pasir, ana umpur ana apa. Wis lah. Sukuri bane ... Ya.. moga-moga umahe aku ora banjir maning ya..

Nah, intine saka pengalamane aku mau aj sekali-sekali buang sampah sembarangan. Biasane pada buange nang got ato nang kali. Aja lah. Akibate mungkin ora kena kalian,, Tapi bisajadi kena orang-orang di sekitar kalian. Trus kalian juga orang - orang mampu biasane got e kan ditutup. Haruse got mau didadekake saluran ben bisa ngalir nag sungai. Gara-gara got ditutup kuwe, bisa ngakibatke banjir, selain buang sampah sembarangan loh...

Kanca-kanca kalianlah penerus bangsa kiye. Aja sekali-kali ngeremehna barang-barang utawa wong-wong cilik. Kita hidup kuwi saling menbutuhkan. Kita sebagai manungsa kudu akrab satu sama lain, ben kita bisa nyiptakake kehidupan sing aman lan damai...

Sekian Terima kasih

Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarkatuh.