Rabu, 23 Agustus 2017

Kegiatan Agustusan di Rumah ( Tegal )

ASSALAMUALAIKUM WAROHMATULLAHI WABAROKATUH

Nag kene aku arep mein ngerti, yoopo sih perayaan Agustusan neng beberapa daerah ing Indonesia.. Yowis langsung wae yo...

Saben kali tanggal 17 Agustus, dewek mesti ngerayakna kemerdekaan. Dewek ngerakyane nganggo ngelingna jasa pahlawan sing wis gugur neng medan perang. Biasane dewek nganakaken lomba-lomba kaya misale lomba mangan kerupuk, ngelebokna paku neng botol, njukuk koin neng semangka, balap karung dan esih akeh maning. Dewek kudu bangga dadi bangsa Indonesia, soale dewek iso ngerayakake kemerdekaan sing meriah. Neng luar negera langka kegyatan lomba-lomba kaya neng Indonesia.

Neng blog iki aku pan njelasana yoopo sih kegyatan agustusan neng eskitar umahe aku.

Aku iki mesti pindah - pindah umah. Sing pertama ning Surabaya, bar kuwe Jonggol, pindah maning neng Tegal. Emang agustusan ing saben daerah iku beda - beda, tapi ana sing menarik. Menarike kuwi iso ngerti cara saben daerah nggo ngerayakake kemerdekaan.

Misale, pertama neng Surabaya. Surabaya dikenal kota pahlawan. Nah, biasane perayaan kemerdekaan dirayakna neng saben tempat neng Surabaya. Misale neng saben RT. lomba - lombane kuwi ya... Kaya lomba mangan kerupuk, lomba nalikna tali sepatu, nggowo kelereng neng sendok lan esih akeh maning.

Neng Jonggol, Jawa Barat. Neng Jonggol ya pada bae karo neng Surabaya, tapi... Neng Jonggo biasane ditambahi karo lomba hiburan tingkat RW . Misale ya, lomba nyanyi lan lomba dance. Tapi neng Jonggol, tapi nyong ngertine mung neng RT ne nyong kuwi bar rampung lomba - lomba iku bengine mangan - mangan lan hiburan. Pokone enak wis ya...

Neng Tegal, Jawa Tengah. Nah, neng Tegal aku durung pernah melu lomba - lomba. Palingan lomba neng Sekolah. Tapi lombane ora seberapa beda karo lomba - lomba sing diadakake neng Surabaya lan Jonggol. Ya.. Misale kaya lomba pentunh air, lomba mindahake belut neng ember, lomba sarung berantai, lomba futsal, lomba voli, lomba nyanyi lan akeh maning lah pokone. Saiki nng RT ne aku dong bar lomba - lomba wis ana hiburane. Ya mung dangdutan tok sih,,, tapi aku seneng lah.

Nah kuwi mau pengalamane aku ning pas agustusan neng daerah. Pokone dewek kudu bangga dadi bangsa Indonesia. Nah sebagai generasi penerus, dewek kudu bisa ngelestarikake negara Indonesia kiye. Aja gelem kalah karo negara lain. Dewek kudu bisa nunjukake keterampilan lan kecerdasan anak bangsa....

DIRGAHAYU INDONESIAKU......😂😂😂

SEMOGA ENGKAU TETAP JAYA KEDEPANNYA.....

KAMI SEBAGAI ANAK INDONESIA BANGGA MENJADI WARGA NEGARA INDONESIA...

Wis kuwi bae saking aku. Ngapurane dong ana kata - kata ingkang nggawe lara ati..

WASSALAMUALAIKUM WAROATULLAHI WABAROKATUH